Selasa, April 20, 2021
BerandaOpiniBanyumasanDUWIT= Wudu Deciwit

DUWIT= Wudu Deciwit

[Juguran Banyumasan]

Rupane tah mung klening utawa kertas, ning bisa gawe bombong uga gawe mumet. Bener mung klening ana tulisan lan gambare uga angka Rp100, Rp200, Rp500, Rp1.000 ningen dadi marakna antep atine, senajan duwit klening angger jumlaeh akeh ya gawe adem pikiran.

Apamaning nduwe duwit kertas sing warnane ijo Rp2.000 biru Rp50.000 lan abang Rp100.000, mesti anteng ati lan pikirane ora rumab merga nduwe nggo nyukupi keperluane wong urip saben dinane

Nah kue sing dejenengi duwit. Kawit tangi turu tumekan arep turu sing dearani duwit dadi nggo bahan crita.

Ngonoh sih sapa baen wong sing ora due duwit mesti mumet. Arep becer kanggo kebutuhan sedina dina bae umpamane ora nduwe duwit, ya marakna dadi pikirane koleng.

Semana uga wong sing kakean duwit uga bisa mumet. Bener kekarepane gampang kasembadan lan keturutan, apa bae sing dekepengini. Nanging uga dadi pikiran, wedi mbok derampok, decopet, degarong utawane nggo rebutan anak-anakke.

Enggane ning dunya ora nana Agama, kayane duwit ning menungsa dedadekna Pengeran.. depundi-pundi lan desembah-sembah, merga duwit bisa nguripi lan mateni.

Duwit miturut Kaki Nakum kuwe paraban (singkatan) Wudu Deciwit. Mangsude angger duwe butuh dejukut/denggo, mbuh kuwe butuh nggo tuku utawa nggo mbayar butueh wong urip, kayata tuku sandhang papan lan sapanunggalane.

Duwit kuwe nduwe sawan gatel. Duwe duwit biasane sing uwis-uwis hawane ora betah nengumah, kepengine ndhandheng tuku butuh sing pokok. Ning besanu malah nyasar tuku sing ora derencana lan depikir sekang umah.

Duwit kuwe bisa gawe geger senajana mung bab etungan. Marakna wong pada pecohan, padu lan gelut jalaran duwit. Duwit mung meneng, desogna ning sak klambi gelem, ning sak kathok ya ora nolak.

Deslempetna ning kupluk, kutang, dompet ya babar blas ora protes. Bodho-bodhoa..decekel wong ayu yang gelem, wong ngganteng ya gelem. Pokokke degawa sapa baen gelem, sekarep-kareppe..arep maring kota, ndesa, nggunung, laut lan liya-liyane.

Degawa wong ayu lan gagah ya gelem.. degawa wong ora ayu lan ora gagah ya ora protes. Pokokke duwit ora nduwe pilih kasih marang sawiji-wijine menungsa.. kabeh gelem melu menungsa.

Duwiiitt.. duwit… ngepenaki ning uga merekna gawe mumet.

Karangnangka, 6 Februari 2020

 

Kang Mul
Lahir dan dibesarkan di Banyumas. Tinggal di Desa Karangnangka RT02 RW03 Kecamatan Kedungbanteng Banyumas. Menulis berita, artikel, puisi atau essai yang telah dimuat diberbagai majalah, tabloid, surat kabar, buletin cetak/online di tanah air.

Kesibukan sehari hari menjadi tukang bibit tanaman buah buah dan owner “Kang Mul Nursery” Kranggan dan Karangnangka.

LEAVE A REPLY

Please enter your comment!
Please enter your name here

Most Popular

Recent Comments

error: Konten ini tidak bisa di copy !!