Rabu, April 7, 2021

SARIKUN

[Juguran Banyumasan]

Sarikun… Sarikun,

Ora rumangsa gawe umah lan uripe nunut, ning pegaweane saben dina ngromyang kaya Nini Dikem, ngrewecoh ngasi lambene ngumpruk.. ngala-ala punden sing babad Desa.

Pepunden lan sesepuh kuwe sing gawe desa kuwe gemiyen, kawit jaman pra sejarah, hindu, budha, penjajahan tekan jaman repuplik, detilalaih toh pati, toh nyawa, banda lan liya-liyane.. kanggo anak-putune sebacute. Petha be ora, ngkana-kanane Sarikun kaya sing paling hebat dhewek. Abong-abong wis nyucrup ngelmu nang mancanegera, apa-apa desalahna.. apa-apa jere ora pas miturut anggepane dhewek.

Sarikun… Sarikun,

Weruh wong nganggo blangkon mlerok, weruh wong wadon nganggo jarit lan kebaya jere ketinggalan jaman, weruh wong nanggap wayang jere ora pas lan luput miturut keyakinane. Ujar-ujare apa bae sing kang Jawa deanggep sesat nglanggar tuntunana agama, Kaya ya yaha  besanu sok semuci suci  kaya ora nduwe dosa lan salan,

Kabeh penganggepe rumasane paling bener. Angger wong liya nduwe penemu deanggep salah, jere langka daiile.

Sarikun… Sarikun,

Ko kuwe metu sekang endi jane?. Dearani malaikat, ning keton menunggsa.. dedeleng warna kulite, ya ora beda karo inyong.. enggane mbelis ya dudu, wong genah-genah dudu bangsa alus sebangsane jim, demit utawa setan merkayangan.

Menungsa koh saben dina pegaweyane mung ngrompyang, langa jige lan kurang pegawean, persis kaya guru dorna utawa sengkuni, sing isine mung gawe kisruh kelawan sepadha.

Sarikun… Sarikun,

Rika kuwe wis tua, ora suwe maning dejebor mlebu luang kuburan. Tambah tua toli kudune ndhengkluk kaya pari, dudu malah kaya alang-alang, nyungar ndhuwur.

Tua angger klapa lha mendhing, kena dearep arep santene, kena nggo njangan utawa nglodeh. Gole sekolah tah wis tekan mancanegara, ning tambah tua polaeh malah ndadrah.

Sarikun… Sarikun,

Kadaran mung gari ngengoni umah be gawe perkara, duwe karep ngruwag bangunan sing wis ana. Urung kinaruan karepmu kasembadan Kun, dulurmu liyane sing padha-padha nduwe hak bae ora srakah, mbrengkunung, apa maning kepengin ngruwag.

Patute dhongen sing ana ya deuri-uri, sing mandan rusak ya dedandani. Kuwe jenenge wong sing mangerteni sejarah. Utawane kae.. ndeleng kanca-batir, tangga teparo sing ora nduwe papan umah, lemah lan sepiturute. Ora susah gawe polah sing madheih ndlewereih, dadi menungsa sing nglesa kaya pinisepuh gemiyen, tepa salira, guyub rukun, gotong royong ora pendirangan utawa pecicilan.

Sarikun… Sarikun,

Ko jane metu kang silit ayam apa netes sekang ndhog ngkurwok? Wong koh ora ngerti sangkan parane.., rama lan biyunge sapa? asale sekang ngendi jane?.

Demandan mikir..! aja mung ngukuih karepe dhewek thok! wong pinter durung mesti idep bener, lan wong bodho ora mesti bodho!

Karangnangka, 05 Maret 2021

 

Kang Mul
Lahir dan dibesarkan di Banyumas. Tinggal di Desa Karangnangka RT02 RW03 Kecamatan Kedungbanteng Banyumas. Menulis berita, artikel, puisi atau essai yang telah dimuat diberbagai majalah, tabloid, surat kabar, buletin cetak/online di tanah air.

Kesibukan sehari hari menjadi tukang bibit tanaman buah buah dan owner “Kang Mul Nursery” Kranggan dan Karangnangka.

LEAVE A REPLY

Please enter your comment!
Please enter your name here

Most Popular

Recent Comments

error: Konten ini tidak bisa di copy !!