[Juguran Banyumasan]
ORA usah sengit apamaning ngajek padu maring sedulur utawa kanca batir, angger urung gamblang crita sebenere. Nutur pituture kaki-nini, pitutur kuna lereng nanging nesih tetep kena nggo pengeling-eling kanggone wong urip jaman saiki lan sauwise.
Rika padha ora percaya ora papa, sing penting aja sok keminter, gumedhe, ngarani pituture kaki nini wis ora kanggo nggawe lan ketinggalan jaman. Ngomong kaya kuwe kena-kena baen, merga urung ketanggor karo kedadean sing miturut tinemu rika padha ora tinemu ngakal, ning nyatane bakal kedaden lan nyata.
Umpamane: montor pit siji detumpaki wong telu, siji nyupiri, sing loro mbonceng. Cara wong kuna ora kena lan bakal delarang kelawan tembung ora ilok. Domongi ora ilok langsung nyaut tur manut ora nranyag apa sing deomongma wong tua.
Angger bocah siki ora bakal nggople dekandani. Malah rengkel ngeyel sundhul langit. Numpak montor miturut undang-undang ora nana babar blas larangan numpak montor pit wong telu.
Kuwe pancen bener mbok dewolak-walik undang-undange ngasih bodhal-badhil kertase, babar blas ora nana bab pasal ayat lan penjelasane sing nglarang numpak montor pit wong telu. Dengasih bundhas sirahe, nganti pruthul rambute, tetep baen ora bakal ana babagan larangane.
Cara wong kuna kereken tembung “Ketelu juru”. Cara gampangane wong ndherik, umpamane salah siijine nyriwis marakna sing nyupiri ilang konsentrasine, ora bener dadi cilaka.
Sing loro padha criwisan ning ndhuwur jok montor, nganti kelalen padu omongane cacah-rucah ora enak derungokna, mbudhegi kuping, banjur engkel-engkelan kelalen jorog-jorogan. Apa ora mringgani dadi dalan bilahi (?).
Wis akeh kedaden kapesan ketelu juru. Antara wong telu mesti ana baen sing doyan ngomong lan ngrathil tangane. Contone salah sijine doyan mbanyol, merga lucu pisan ngguyu kepingkek-pingkel ngasi sing nyupiri ora ngeh ana montor utawa mobil neng ngarepe, desruduk.
Esih untung angger sing desruduk mung lecet-lecet thok, lan wonge lumrah tur bijaksana, ora kakean pitakonan. Ngonoh sih angger ketemu wong sing nduwe pangkat tur sugih lan nduwe sipat ora kena kidekan, wis mesti bakal nrabeh dadi urusan karo polisi.
Mulane wong kuna saking banget ngati-atine, angger pegawean koh jumlaeh wong telu, akeh ora olieh. kenangapa dadi ora olih? merga wis kopang-kaping kedaden, ora sih lagi ndhisiti kersane Pangeran, mung bab kaya kuwe wis detiteni puluhan tahun nganti atusan taun lawase.
Karangnangka, 15 April 2021


Lahir dan dibesarkan di Banyumas. Tinggal di Desa Karangnangka RT02 RW03 Kecamatan Kedungbanteng Banyumas. Menulis berita, artikel, puisi atau essai yang telah dimuat diberbagai majalah, tabloid, surat kabar, buletin cetak/online di tanah air.
Kesibukan sehari hari menjadi tukang bibit tanaman buah buah dan owner “Kang Mul Nursery” Kranggan dan Karangnangka.



