Rabu, Maret 17, 2021
Beranda Opini Banyumasan RANTANG SADRAN

RANTANG SADRAN

[Juguran Banyumasan]

ORA krasa jebule saiki pas dina Senen wis mlebu wulan sadran, dadi ora nganti 3 minggu maning inyong rika padha arep ketekan wulan puasa. Wulan sing mungguhe Inyong rika kabeh kelebu wulan mulia.

Wis pokokKe angger ketekan Wulan Sadran dadi kemutan gemiyen nalika nesih cilik deprentah nang jenate rama lan biyung kon nggawa rantang dejejugna maring nggone kaki-ninine, uwane, lilike, sedulur perek, kanca lan tapis miringe umah.

Rasane semanger pisan nang desa-desa ning Wulan Sadran. Antara sedulur, tangga teparo padha kirim-kiriman rupa-rupa panganan. Ana sing Tenong uga Rantang sing isine biasane ana segane, iwak ayam, endhog ayam utawa endhog bebek, pergedel, jangan kering, bregefek lan liya-liyane.

Generasi wangkring kuna angger deprentah Rama lan Biyunge banget seneng lan bungah, gageyan engkreg ora kakean jawaban banjur lunga nggawa rantang maring umaeh sing arep dekirim. Rata-rata gemiyen mlaku utawa ngepit, merga jaman semono urung akeh wong duwe montor ora kaya jaman siki, saben umah padha nduwe montor.

Angger ngirim maring liya desa biasane numpak mobil power sing nesih othelan, bake nganggo kayu, nek ora numpak mobil colt T100. Soale numpak bis ora gelem nggawa penumpang sing perekan.

Sing marakna seneng deprentah Rama Biuing yakuwe pas kebegjan, besanu baline denei duwit ning sing dekirim. Lumayan mbok kena nggo jajan utawa desimpen decelengi ning bumbung pring utawa celengan lempung.

Gemiyen Inyong ora ngerti babar blas mangsude ngirim pangan rikalane wulan Sadran. Bareng tambah gedhe lan tuwa tambah pengalamane, jebule jero pisan hikmaeh padhatan kirim pangan ning wulan Sadran maring sesepuh, wong tua, sedulur, kanca batir lan tangga teparo.

Apa sing dadi padhatan kirim pangan akeh banget hikmaeh. Bareng depleceih terut siji, mungguhing agama Islam uga bebrayan urip sosial kemasyarakatan. Yakuwe wong kuna ora kakean cangkem utawa dalil, nanging laku utawa jig sing delakoni mesti ana mangsude lan ana dasare miturut agama Islam lan sosial kemasyarakatan.

Ngonoh sih, wong urip mesti mbuh sengaja ora sengaja selawase setaun padha jotakan antara wong tua Karo anak, kakang karo adhi, sedulur karo sedulur lan kanca batir uga karo tangga teparo.

Sing jenenge wong urip, barang sepele krono omong bisa dadi jotakan pecah seduluran lan kekancan. Ngasih besanu ora padha takon takonan lan ambah-ambahan. Perkarane pirang-pirang, ana urusan dagang, kerja, glewehan, beda pilihan wektu Pilkades, Pileg, Pilpres lan liya liyane.

Kelawan ngirim panganan minangka nggo ndhodhog lawang atine siji-sijine. Dadi padha akur dadi kemutan wulan Puasa. Arep nglakoni puasa cara wong kuna, men puasa mancleng kudu resik atine, pikirane lan resik sekabehane. Mbersihi pegawean sing ora pas mungguhin agama Islam yakuwe kelawan njaluk ngampura sepadha-padha

Uga seminggu sadurunge mlebu wulan puasa, warga sadesa tumplek bleg padha resik-resik kuburan lan lingkungan RT, uga ngresiki lingkungan umah, Masjid lan Mushola men keton semanger anane tekane Wulan puasa.

Kang Mul – Kranggan, 15 Maret 2021

LEAVE A REPLY

Please enter your comment!
Please enter your name here

Most Popular

Recent Comments